Sabtu, 16 Juli 2011
Iga Sapi Penyet
Yok opo nek igo ne sapi digoreng, terus dicampur karo sambel penyetan? Jawabane onok nang Iga Sapi Leko, Jl. HR Muhammad, Suroboyo. Restauran iki nawarno menu jos iga sapi penyet. Kesane "biasa" ae, tapi nek koen rasakno, wesss! Uenak. Kabeh wong sing tahu mampir nang kene, pasti podo komentare: Kok iso enak ngene yo?
Lontong Balap Pak Gendut
Cobak takon no wong Suroboyo: Opo panganan khas nang Suroboyo? Meh pasti, jawaban sing sering krungu iku, salah sijine lontong balap. Terus cobak takokno, endi panganan lontong balap sing enak? Sing ngerti pasti njawab, lontong balap Pak Gendut. Pancen, nang Suroboyo, lontong balap Supadi, jeneng asline Pak Gendut, pancen salah siji bakul lontong balap nang Suroboyo. Wis tahu rono tah koen?
Nasi Udang Bu Rudy
Rawon Setan
Bakso Iga Sapi
Iko soal Bakso rek. Panganan sing merakyat nang endi-endi. Ini salah siji warung bakso sing terkenal. Yoiku, Bakso Iga Sapi nang Jl. Ahmad Yani Suroboyo. Bedane, bakso nang kene iki dikombinasi karo lalapan seger, plus daging iga daging sapi sing empuk. Pentole onok rong jenis, (kasar/urat karo ndok) nggarai bakso iki uenak rek! Durung maneh tahu kuning khas Kediri sing diisi karo daging lan siomay sing eunak!
Bebek Goreng HT
Mangan sego bebek iku hal biasa? Ojok kesusu ngomong ngono rek. Koen kudu nyobak Bebek Goreng HT sing onok nang Jl. Karang Empat Besar Suroboyo. Warung bebek sing duwe cabang nang Jakarta iki pancen jos nang urusan perbebekan. Mulai bebek sing gak ambu amis, empuk, sampek bebek sing gawe racikan rahasia. Opo maneh nek gak sambel bebek! Racikan iku sing nggarai Bebek Goreng HT mesti digoleki langganane.
Cak Mis
Warung Cak Mis, iku sebutane warung nggone wong lanang asli Lamongan iki. Warung ini pantese disebut warung sing paling terkenal nang Suroboyo. Salah siji sing ndadekno warung nang Jl. Bintoro Timur, Suroboyo iki terkenal, yoiku omelane Cak Mis, sing nyocot nek onok wong tuku. Karo jeneng-jenenge jajan sing onok nang kono. 'Krisdayanti' (Sate usus pedes), Mbok Enom (Es Sinom), Sembako (nasi bungkus) sampek Lumpur Lapindo (jajan lumpur).
Langganan:
Postingan (Atom)