Sabtu, 16 Juli 2011

House of Sampoerna

House of Sampoerna, opo biasa disebut HOS, saiki dadi salah siji nggon mlaku-mlaku sing unik nang Suroboyo. Nggon sing duweke pabrik rokok HM. Sampoerna iku pancen apik. Onok museum rokok, geleri seni, kios karo warung. Bangunane HOS sing unik iku pancen dibangun nang jaman Londo, sekitar tahun 1862. Nggon iki nggone pertamane Liem Seeng Tee, pendiri pabrik rokok H.M. Sampoerna nginting rokok pertamane. Kafe HOS sing onok nang sebelah kiwo komplek sing ono nang Jl. Taman Sampoerna 6 Suroboyo iku, pancen bedho. Model sing kuno, dicampur desain barang-barang nang njerone sing "ngawur".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar